Soal dan Kunci Bahasa Jawa UKK Kelas 5 SD UAS II Semester 2 TA 2013/2014
Nama : ..........................................
PEMERINTAH KABUPATEN KEBUMEN
DINAS PENDIDIKAN PEMUDA DAN OLAH RAGA
UPT DINAS DIKPORA UNIT KECAMATAN ................................
SD NEGERI ......................
ULANGAN KENAIKAN KELAS
TAHUN PELAJARAN 2013/2014
Mata pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas : V (Lima)
Hari / Tanggal :
Waktu : 90 menit
Petunjuk umum !
- Tulislah namamu di sudut kanan atas !
- Bacalah setiap pertanyaan dengan seksama !
- Kerjakan lebih dulu soal yang kamu anggap mudah !
- Teliti kembali sebelum pekerjaan kamu serahkan pada Bapak / Ibu Guru !
I. Wewehana tanda (X) aksara a, b, c, utawa d sangarepe wangsulan kang bener!
Wacanen kanthi patitis.
KARNA TANDHING
Kacurita ing tengah dalan lakune Sanjaya kepethuk Prabu Kresna lan Arjuna. Sanjaya matur yen Kurawa isih disempateni Adipati Karna. Sanjaya nyuwun pamit arep methuake Adipati Karna. Ora ngendika, ora dhawuh apa-apa menyang Sanjaya.
Prabu Kresna malah ngendika marang Arjuna “Yayi Arjuna wis wancine yen sliramu mapagake kangmasmu Adipati Karna. Adipati Karna olehe maju perang numpak kreta dikusiri ‘Prabu Salya’.”
Ajawas sumelang yayi, aku sing bakal nyupiri kretamu. Mung elingana bae sedulurmu tuwa sing prabarep.
Kapethik saka Piwulang Basa Jawa Kelas 5
1. Sapa sing kapethuk Prabu Kresna lan Sanjaya ing tengah dalan ?
a. Kurawa c. Sanjaya
b. Arjuna d. Kresna
2. Apa ngendikane Prabu Kresna marang Arjuna?
a. Wis wayahe sliramu nyuwun pamit
b. Wis wancine padha numpak kreta
c. Wis wancine maju perang
d. Wis wancine sliramu mapagake kangmasmu
3. Nalika maju perang, Adipati Karna numpak kreta. Sapa sing dadi supire?
a. Prabu Salya c. Prabu Kresna
b. Adipati Karna d. Kurawa
4. Geneya Arjuna tansah eling marang Arjuna?
a. Adipati Karna sedulur kang wuragil.
b. Adipati Karna watake satriya.
c. Adipati Karna sedulur tua sing pambarep.
d. Adipati Karna sedulure lima .
5.
Tulisan Jawa ing ndhuwur diwaca?
a. Kang mas kula tilem
b. kang mas sare kula ugi tilem.
c. Kang mas sampun sare.
d. Kula sampun tilem.
6. Dedalane guna lawan sekti
Kudu andhap asor
Wani ngalah luhur wekasane
Tumungkula yen dipun dukani
Miturut tembang macapat ing ndhuwur, yen bapak lagi duka sing becik yaiku?
a. noleh c. luhur
b. tumungkul d. sekti
7. Samijo bocah ndesa sing lugu lan jujur. Wiwit cilik dheweke wis ditinggal wongtuwo lorone. Samijo saiki diopeni Pak Hardi lan Bu Sinta.
Tokoh ing paragraf nduwur yaiku?
a. Samijo c. Bu Sinta
b. Pak Hardi d. Wong tuo
8. Sapa ora bisa nyimpen wadi
Iku nggenthong umos
Guru wilangan kanggo gatra nomor sepisan ana….
a. 7 c. 9
b. 8 d. 10
9. Tibaning swara a, i, u ,e, o ing pungkasaning gatra iku jenenge?
a. guru lagu c. guru gatra
b. guru wilangan d. wanda
10. Nulada iku utama
Tumrap ing tanah jawi
Wong agung ing ngeksi ganda
Panembahan Senopati
Tembung Panembahan Senopati ing tembang macapat kasebut nyritaake ratu Mataram….
a. kang sepisan c. tumindak becik
b. kaping pindho d. sing jujur
11. Ora kaya ngendikane ibu : yen diparingi kudu maturnuwun. Tembung kang digaris ngisor krama inggile….
a. Yen diparingi kudu maturnuwun.
b. Yen dipun paringi kudu maturnuwun.
c. Menawi diparingi kudu maturnuwun.
d. Menawi dipun paringi supados maturnuwun.
12. Angresiki papanipun.
Ukara ing ndhuwur basa gancarane yaiku….
a. Warga ora perlu resik-resik.
b. Kabeh padha kerja bakti.
c. Warga bebrayan ngresiki lingkungan.
d. warga padha gotong royong.
13. Guru lagu lan guru wilangan kanggo tembang macapat maskumambang yaiku…,
a. 12u, 8i, 8u, 8o c. 12a, 8i, 8u, 8i,8o
b. 12i, 6a, 8i, 8a d. 7u, 10u, 12i, 8o, 8o
14. P rajurit mataram nglawan penjajah walanda ing Batavia kang disengkuyung dening Kompeni. Prajurit Mataram kalah.
Kahanan ing ndhuwur iku nggambarake prastawa kang…..
a. nyedihake c. maremake
b. nyenengake d. ngenthengake
15. dina – suket – saben - dak pakani - wedhusku.
Tembung ing ndhuwur yen ditata dadi ukara yaiku….
a. Suket saben dina dak pakani wedhusku
b. Saben dina dak pakani suket wedhusku
c. Saben dina wedhusku dak pakani suket
d. Dak pakani wedhusku suket saben dina
16. Inggih, Pak lurah badhe kagungan kersa!
Pitakon sing trep kanggo ukara ing ndhuwur yaiku….
a. Sinten ingkang badhe kagungan kersa?
b.Genea Pak Lurah kagungan kersa?
c. Kapan Pak Lurah kagungan kersa?
d. Punapa Pak Lurah badhe kagungan kersa?
17. Bapak ngendikamenawa arep tindak.
Ukara langsung sing trep tumrap ukara ndhuwur yaiku….
a. Bapak ngendika ‘Aku arep mangkat’
b. Bapak arep tindak ‘ngendikane’
c. Bapak arep ngendika ‘Aku tindak’
d. Bapak tindak arep ngendika
18. Kegiyatane gropyokan, tujuwane kanggo ngurangi tingkat kejahatan lan munggel peredaran narkoba.
Paragraf ing ndhuwur nggambarake babagan….
a. kedisiplinan c. kejahatan
b. keamanan d. kesenengan
19. Mangan kang cukup yaiku panganan bergizi sing diperloake awak.
Saran ing kanggo ukara ing ing ndhuwur yaiku yen mangan….
a. sesenenge dhewe c. saakeh-akehe
b. aja mung waton mangan d. sing disenengi
20. Si ng klebu crita rakyat yaiku…
a. kancil karo baya c. malin kundhang
b. kancil karo siput d. kera yang sombong
21.
Tulisan jawa ing ndhuwur diwaca….
a. praune cilik c. prau apik
b. prauku cilik d. prau cilik
22. Tibane ana ngisor, sing digoleki ana ndhuwur.
Cangkriman ing ndhuwur tegese….
a. gendheng bocor c. wong mikul areng
b. bung lan pring d. timbangan
23.
Tulisan jawa ing ndhuwur yen ditulis latin….
a. Bapak dhahar sate
b. Pak Guru dhahar sate
c. Sapa dhahar sate
d. Enak dhahar sate
24. Jenang gula (glali) aja….marang wong tuwa.
a. wedi c. lali
b. wani d. janji
25. Yen maca geguritan, kang kudu digateake yaiku….
a. swarane sakarepe c. urutan intonasine
b. intonasi kang bener lan cetha d. guru wilangane kudu padha
26. Bumiku dudu palagan.
Sing dikarepake ukara ndhuwur yaiku bumiku dudu….
a. omah gawayan c. papan paprangan
b. papan rebutan d. papan tontona
27. Ayo sing padha prayitno
Ngadhepi kabeh bebaya
Berjuang kanggo negara
Geguritan ing ndhuwur nyritaake….
a. ayo sing waspada c. ngadhepi bebaya
b. dadi benteng negara d. berjuang kanggo negara
28. Griya ingkang ageng punika sejatosipun sanes kagunganipun bapak
Dasanama tembung sanes yaiku….
a. dudu c. satemene
b. pancen d. karepe
29. Pama kaki padha dipun eling
Ing pitutur ingong
Sira uga satriya arane
Kudu anteng jatmika ing budi
Samubarangipun.
Tembang mijil ing ndhuwur iku guru gatrane ana….
a. 3 c. 5
b. 4 d. 6
30. Cacahe wanda ing saben gatra iku diarani….
a. guru gatra c. guru lagu
b. guru wilangan d. guru swara
31. Kanthi atur sembah nuwun
Konjuk ngarsaning gusti .
Gatra kang sepisan tembang macapat ing ndhuwur tiba swara….
a. u c. a
b. i d. e
32. Klambine adhiku rupane abang….
a. kembang c. mbranang
b. benang d. bawang
33. Laporan Pengamatan
Jenis kegiatan : Nonton wayang
Wektu : Minggu, 21 Maret 2010
Papan : Daleme ketua Rw Dukuh Pasugihan
Lakon Wayang : Murwakala
Asile Laporan
Kacarita Bathara Guru ngendhaleni kamurkane Bathara Kala iku penggaweyane mangsa jalma manungsa. Dheweke uga seneng gawe kesengsarane manungsa ana ing donya.
Isine laporan pengamatan ing ndhuwur yaiku….
a. crita wayange c. nggawa wayang
b. gawe wayang d. nonton wayang
34. Playune banter keyong
Ukara ing dhuwur tegese….
a. suwe banget c. cepet banget
b. alon banget d. sedhela banget
35. Sadurunge gawe karangan perlu gawe….
a. kerangka c. lukisan
b. gambaran d. pengumuman
II. Isinen cecek-cecek ing ngisor iki kanggo tembune kang mathuk !
36. Kancil rumangsa playune cepet ngajak balapan karo keyong sing mlakune alon. Sadurunge balapan kancil wis rumangsa sombong yen bakal menang sajrone balapan.
Tokoh utama kanggo paragraf ing ndhuwur yaiku….
37. Anak nomor siji iku diarani pembarep
Anak nomor loro yaiku….
38. Wong sing penggaweyane nulis ing kantor iku jenenge…
39. Dadi tokoh pembantu/figuran watake kudu….marang majikane.
40.
Tulisan jawa ing ndhuwur diwaca….
41. He, mawar kembang sing wangi ayune kaya pelangi.
Ukara ing ndhuwur nyritaake menawa kembang mawar iku ayune kaya….
42. Dasamuka iku watake….
43. Guru lagune tembang kinanthi gatra siji tiba swara….
44. Tinggalana solah mami
Tembung solah ing ukara ndhuwur tegese….
45. Wis wayahe bocah-bocah padha turu, senajan bapak durung….
III. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi bener !
46. Aranana jenise tembang macapat 3 wae !
47. Tuku duren lan jeruk
Gantinen ukara ing dhuwur nganggo tulisan jawa !
48. Anak polah bapa kepradah !
Apa tegese ?
49. Tokoh Punokawan iku sapa wae ?
50. Mau Bapak apa wis mangan?
Gantinen ukara ing ndhuwur nganggo basa krama inggil !
Download Kunci Jawaban DISINI
Sumber https://efriyantiazzahra.blogspot.com/
0 Response to "Soal dan Kunci Bahasa Jawa UKK Kelas 5 SD UAS II Semester 2 TA 2013/2014"
Post a Comment