Soal UTS I Bahasa Jawa 4/IV SD Semester 1 UAS 1 TA 2014/2015
Ulangan Tengah Semester
I Wenehana tandha ping ( X ) aksara a, b, utawa c ing sangarepe wangsulan kang bener !
1. Saben tangi turu aku banjur . . . .
a. adus c. sarapan
b. nata peturon
2. aku wis adus, bapak nembe . . . .
a. siram c. sarapan
b. adus
3. Farida kudu sregep sinau supaya dadi bocah . . . .
a. bodho c. pinter
b. kesed
4. Gamelan ing ngisor iki cara ngunekake kanthi dithuthuk yaiku . . . .
a. bonang c. suling
b. kendhang
5. Pandhawa iku putrane . . . .
a. Dhestharastra c. Yudhistira
b. Pandhu Dewanata
6. Perang Baratayuda iku perange antarane Pandhawa karo . . . .
a. Kurawa c. Janaka
b. Werkudara
7. Bocah kang tumindhak becik, mesthi akeh . . . .
a. mungsuhe c. anake
b. kancane
8. . . . . sing nglakokake wayang ? Dhalang.
Tembung pitakon kang bener yaiku . . . .
a. apa c. sapa
b. ngapa
9. Matur marang wong tuwa kudu . . . .
a. sopan c. cepet
b. sakpenake
10. Adhiku mangan, ibu . . . .
a. maem c. nedha
b. dhahar
II Isenana ceceg – ceceg ing ngisor iki nganggo tembung sing bener !
1. Bapak tindak kantor. Aku . . . . sekolah.
2. Tukua semangka sing gedhe, aja sing . . . .
3. Potlot piranti kanggo . . . .
4. Nyelengi paling aman ana ing . . . .
5. Gedhogan iku omah . . . .
6. Bapak lan ibu saweg lunga.
Tembung lunga kudune . . . .
7. Bocah kang kesed bakal dadi bocah . . . .
8. Kewan sing bisa mabur kayata . . . .
9. Saron digawe saka . . . .
10 Saben dina perkutute . . . .
III. Wangsulana pitakon – pitakon ing ngisor iki nganggo tembung kang mathuk !
1. Apa sing koktindakake sawise tangi turu ?
Wangsulan : ………………………………………………………………………..
2. Sapa wae kang kalebu Pandhawa ?
Wangsulan : ………………………………………………………………………..
3. Genea bocah sekolah kudu sregep sinau ?
Wangsulan : ………………………………………………………………………..
4. Aranana 3 wae jenenge gamelan !
Wangsulan : ………………………………………………………………………..
5. Awakku gedhe, sikilku papat, kupingku amba, irungku dawa. Sapa aranku ?
Wangsulan : ……………………………………………………………………….
Sumber https://efriyantiazzahra.blogspot.com/
0 Response to "Soal UTS I Bahasa Jawa 4/IV SD Semester 1 UAS 1 TA 2014/2015"
Post a Comment